Materi paramasastra kelas 7 semester 2 ,Tembung rangkep, sambawa, kalungguhaning ukara
TEMBUNG RANGKEP
Sumber: https://www.sinaujawa.com/2013/07/tembung-rangkep.html
Tembung rangkep yaiku tembung kang wanda utawa linggane karangkep (ditulis utawa diunekake kaping pindo).1.Tembung Rangkep Kaperang Dadi 4:Dwilingga Wantah, yaiku tembung kang linggane karangkep.Tuladha:
Dwilingga Wantah/padha swara Linggane Udan-udanLuwih-luwihMlaku-mlakuAwan-awan UdanLuwihMlakuAwan
2.Dwilingga salin swara, yaiku tembung kang dirangkep linggane nanging ana saperangan swarane kang owah.Tuladha:
Dwilingga Salin Swara Linggane Bola-baliNongas-NangisMesam-mesemBonjar-banjir BaliNangisMesemBanjir
3.Dwipurwa, yaiku tembung kang wanda wiwitane dirangkep (kang dirangkep wanda sing ngarep).Tuladha:
Dwipurwa Linggane TetukuLelungaReresikLelumbah TukuLungaResikLumban
4.Dwi Wasana, yaiku tembung kang wanda wekasane dirangkep (kang dirangkep wandane sing ngguri).Tuladha:
Dwi Wasana Linggane CekakakCengingisMbegegegNdengangak CekakCengisMbegegNdangak
5. Dwilingga semu yaiku dwilingga kang ora duwe lingga.
Tuladha:
pia-pia
ali-ali
andheng-andheng
==============================================================
KALUNGGUHANING UKARA
Sumber: http://cerminhatisuci.blogspot.com/2012/12/ukara-jejer-wasesa-lesan-lan-katrangan.html
Saben dina Minggu para siswa padha sinau karawitan ing sekolah.
Katrangan wektu Jejer wasesa Lesan Katrangan
Supaya pangrembuge ukara bisa runtut, mula ora ana alane yen dirembug maneh wiwit jejer, wasesa, lesan lan katrangan.
a) Jejer utawa subyek perangane ukara kang paling baku utawa perangan kang dadi bakune ukara. Manut pranatane ukara, jejer manggon ing ngarep wasesa. Dene tembung kang bisa dadi jejer lumrahe arupa tembung aran (kata benda) utawa tembung apa bae kang dianggep kaya dene tembung aran.
b) Wasesa. Wasesa utawa predikat yaiku perangan ngandharake jejer (menerangkan keadaan subjek). Wasesa uga kalebu bakune ukara sawise jejer lan miturut urutane ukara, wasesa manggon ing samburine jejer. Wujude wasesa iku ora kudu arupa tembung kriya (kata kerja). Utawa frase tembung kriya.
c) Lesan. Lesan utawa objek yaiku perangan kang diender utawa dituju. Lumrahe sing dadi lesan iku tembung aran utawa tembung sesulih purusa (kata ganti orang). Lesan manggon ing samburine wasesa. Ora saben ukara duwe lesan. Lesan iku anane mung ukara kang wasesane awujud tembung kriya tanduk.
d) Katrangan. Katrangan iku mujudake perangane ukara kang ngandharake bab sing dikandhakake sing ukara nganti dadi luwih gambling. Katrangan bisa nerangake jejer, wasesa lan lesan. Dene manggon utawa urutane katrangan iku bisa saenggon-enggon. Dene kang bisa dadi katrangan iku ya saka tembung katrangan utawa frasa katrangan lan frasa sing nggunakake tembung ancer-ancer.
Jenenge Katrangan | Tembung kang minangka tetengere |
Katrangan panggonan | Ing ana, ana ing, menyang, saka, sarta katrangan papan liyane. |
Katrangan wektu | Mangsa, dhek, dhek wingi, dhek biyen, saiki, kepungkur, sadurunge, nalika, ngepasi, tembe mburi, lan sakpanunggale. |
Katrangan alat/ piranti | Nanggo, karo, kanthi, mawa, ambek |
Katrangan cacah | Sakabehe, sathithik, akeh, lan werna ukuran/ takeran. |
Katrangan akibat | Mula, mulane, mula saka iku, wusanane |
Katrangan ubaya/ syarat | Waton, angger, sauger, pokoke, saumpama, menawa, yen, yen ta. |
Katrangan sebab | Sebab, jalaran, amarga, karana |
Katrangan asal | Saka,, digawe saka, asale saka |
Katrangan wewatesan | Nganti, ngantek |
Katrangan tujuan | Supaya, kareben, murih, amrih, ing pangajab, ing pangangkah, menyang. |
UKARA SAMBAWA
Sumber: http://niadaha1.blogspot.com/2014/03/ukara-sambawa.html
Ukara sambawa bisa ditegesi ukara kang medharake rasa pangarep-arep, saupama lan senajan. Kajaba bisa katitik saka lagu ucapane uga diwujudi sarana panambang kaya dene ukara pakon/hagnya.
Tuladha:
Udana kawit esuk , aku malah ora sida budhal menyang Surabaya. (Umpama)
Udana kae aku kudu budhal saiki amarga wis dienteni wong akeh. (Senajan)
Ukara-ukara sambawa racake migunakake tembung-tembung sing diwuwuhi imbuhan: a, dak-a, kok-a, dak-ana, kok-ana, lan di-ana.
Tuladha:
1. Panasa ta klambiku ben ndang garing.
2. Udana ya pariku ben urip
3. Duwea sangu aku wingi tekan Bali.
4. Sugiha dhuwit aku rak wis gawe omah.
5. Diwenehana klambi apik ya ora tau dianggo.
6. Dakkandhanana paling-paling ya ora digugu.
Tegese Ukara Sambawa:
a. Senajan
Tuladha:
a. Awana kae ora ana wong liwat babar pisan, aku ya ora wani.
b. Bagusa kae yen ala aten-atene, ya tetep ora becik.
c. Muraha kae aku ora duwe dhuwit ya ora tuku.
b. Saupama
Tuladha:
a. Budhala esuk aku mau ora kepancal sepur.
b. kokakonana luputmu, kowe mau ora nganti didukani.
c. Dikancanana aku mau sida budhal saiki.
c. Ngarep-arep
Tuladha:
a. Diparingana slamet anggone lunga, supaya enggal ketemu adhine.
b. Mundhuta jajan ya ibuku mengko, jalaran wetengku krasa luwe.
c. Digawakna jeruk sing legi, kena kanggo tamba ngelak.
Komentar
Posting Komentar